Oleh : Uri Pradanasari
“Kencrung
iki saka Bapak, daktampa pitung taun kepungkur, nalika aku durung bisa
apa-apa.” guneme Tama nalika tenguk-tenguk ing watu gedhe ngenteni tekane eseme
srengenge. Adheme hawa gunung Merapi kala kuwi gawe pangangenku mlayu kelingan
Bapak.
“Gah Le! Nek caramu nembang isih
ngono kuwi! Nek ijek ngono minggu ngarep kowe ora oleh melu lomba makili
kecamatan, ngisin-ngisini Bapak lan kecamatanmu.”
Wejangan saka Bapak nalika menggak
aku mangkat ing kompetisi kuwi nalika aku kelas 5 SD. Lara rasane, nanging
malah dadi pangeling tekan seprene. Wiwit saka dina kuwi aku terus sinau karo
bapak kepiye carane nembang sing apik, nadyan ning ati aku rada gela marang
Bapak.
Bagaskara mesem gumuyu, dienteni
mega kang ngajak mbedhaya, ora krasa dina iki kompetisi nembang tingkat kabupaten
wis ning ngarep mata. Atiku rumangsa bungah banget, ngajab bisa melu lomba kuwi
mau, merga wis sinau terus karo bapak.
“Dengaren mangkat esuk men Le, arep
ning ngendi?” pitakone Bapak ora mandeng aku.
“Dinten niki wonten lomba nembang
ten pendhapa kabupaten Bapak, pangestunipun nggih, Pak.” Wangsulanku karo
ngguya-ngguyu.
“Apa Le? Lomba ning pendhapa? Ora!
Kowe ora oleh mangkat, suaramu isih ning irung. Bapak ora ngijini awakmu melu
lomba kuwi!” ngendikane Bapak rada duka, langsung mandeng aku.
“Na... Nangi.. Nanging, Pak.”
Wangsulanku rada lirih, tangan lan sikilku ndhredreg.
“Ora ya ora!” ngendikane Bapak
samsaya duka.
Aku mung anteng meneng, tanganku
dadi keder. Ora mikir suwe banjur aku mlayu, menek wit pelem ing mburi omah
karo nangis. Pantang kanggo aku yen nangis ning ngarepe Bapak. Aku isih tetep
nangis ning ndhuwur wit pelem, nadyan sedhela maneh arep udan.
Wiwit dina kuwi seminggu aku ora
aruh-aruh karo Bapak, lan ora wani madeng
pasuryane Bapak. Dina-dinaku tak lakoni lungguh anteng meneng ing ngisor
wit pelem, isih seseg dhadhaku amarga wewayanganku dipenggak Bapak. Wiwit dina
kuwi uga, aku wegah sinau nembang maneh.
Ora ngira, ana tangan kang
ngrangkul pundhakku saka mburi, ya ora kleru maneh, iki astane Bapak. Atiku dag
dig dug der rasane. Bapak banjur muter awakku. Wedi banget lan campur jengkel
rasane atiku. Ing pundhake Bapak kagendhong gitar lan kencrung. bapak banjur
lungguh ing jejerku.
“Le, isih nesu ya karo Bapak?”
ngendikane Bapak sareh.
Aku amung mesem tipis karo Bapak,
ngampet mangkel lan gelaku amarga Bapak.
“Iki Le, kanggo awakmu, sinau
bareng karo Bapak ya. Luwih becik sinau nggitar
dhisik ya Le, banjur ngko sinau kencrung.” ngendikane Bapak sareh, sajak
wis ora duka maneh.
“Inggih Pak.” Wangsulanku lirih,
jroning batin seneng banget atiku, amarga wis suwe aku pengin nduwe gitar lan
kencrung kuwi.
Wiwit dina kuwi, rasa kuciwaku karo
Bapak rada oleh tambane. Saben dina Bapak tlaten lan sabar ngajari aku dolanan
gitar, wiwit kelas enem SD. Rasa laraku rada ilang marang Bapak, nanging
kelingan larane nalika ana wong kang nembang.
Ora krasa saiki wis dadi bocah SMK.
Kaya biasane dina-dinaku dikancani karo gitar lan kencrung saka Bapak. Nanging
bedane saiki, aku adoh saka Bapak. Sela-sela wektu longgar takgunakake nggo
sinau gitar, amung siji pangajabku, bisa mbuktekake karo Bapak menawa aku bisa.
Gegodhongan ucul saka pang-pange,
angin awan sumilir banget rasane. Jroning papan kekudhung damen, kaya biasane
aku isih anteng dikancani kencrung saka Bapak lan rekaman suarane Bapak kang
pendhak dina dadi guruku.
“Woy! Ma! Ayo melu oprec pecinta alam. Gayeng lho!”
kandhane Adhi, bocah kutha kang senengane munggah gunung kuwi.
“Males Dhi, kanggo apa?”
wangsulanku lempeng.
“Ayolah melu wae, tak jamin mesti
bakal seneng awakmu, bisa sinau akeh ngko.” Wangsulane Adhi langsung nggeret
tanganku kanggo nulis formulir pendaftaran.
Ora let suwe banjur aku nuruti apa
kandhane Adhi. Saka kene aku oleh pelajaran babagan urip, aku lagi sadar upama
gemblengane Bapak nalika ing ngomah durung ana apa-apane tinimbang gemblengan
ana ing kene. Fisik, batin, lan pikiranku kesiksa awale ana kene, suwe-suwe aku
bisa nemokake apa sejatine urip kuwi.
Wengi kuwi malem minggu, kaya
biasane aku karo Sunu mlaku-mlaku menyang pasar Tri Windu. Suwe-suwene mlaku,
aku dadi penasaran karo komunitas kroncong kang dikolaborasikake karo gamelan.
Rasa gumun lan seneng, nggawe aku ora kedhep-kedhep nyawang personil kang
dolanan kencrung.
“Ma, kowe ngapa?” pitakone Adhi
rada nggumun.
“Oh, hah? Hahaha, aku ra papa, Sa.
Kelingan Bapak wae Sa nalika nyawang mase sing dolanan kencrung lan nembang,
apik banget Dhi. Pitung taun kepungkur Bapak menehi aku kencrung Dhi, lan aku
nguwasani tenanan Dhi.” Wangsulanku lempeng, tetep nyawang kang dolanan
kencrung mau.
“Tama, Tama, kuwi kancaku. Joni
jenenge. Ayo rana wae.” Kandhane Adhi karo ngguya ngguyu.
Adhi ngenalake aku karo Joni. Wiwit
dina kuwi aku sinau kencrung karo Joni, nora krasa wis telung taun tak lakoni
sinau kencrung bareng karo Joni. Dina-dinaku samsaya manteb, aku ndhuwe
gegebengan menawa kencrung saka bapak bisa ndadekake aku wong mbesuke. Nora
jeleh lehku latiyan, nadyan adoh saka Bapak.
“Kencrungan terus. Sesuk muncak
Merapi Ma.” Kandhane Adhi.
“Siap Dhi.” Wangsulanku mantep.
“Pokoke tak enteni aksimu ning
pensi.” Kandhane Adhi karo cengengesan.
Bagaskara ngampiri gunung ngajak
ndhelik saka bawana, saya suwe gawe ima saya semu abang, pratandha langit bengi
wis meh teka. Tutuking laku agawe rasa nora gigu, jebul bengi wis ngancani,
alon-alon nanging kelakon tekan pucuk Merapi. Wiwit pendhakian kuwi aku ngrasa
ana sing beda, aku ngrasa luwih bisa cedhak karo donya lan akeh kanca.
Esuke tanpa dinuga, nalika ing ngarep
tenda, sawise upacara tekan pucuk Merapi, Pak Gun ndhawuhi aku maju nembang.
Kaget lan dag dig dug rasane atiku, kelingan Bapak.
“Maju Ma, maju.” Kandhane Adhi.
Alon nanging mesthi, alon-alon tak
coba njaluk bantuan saka sumiliring hawa esuk. Lagune Bapak, Didi Kempot, tak
nyanyikake kanthi tenanan dikancani kencrung saka Bapak. Ora dinuga, kabeh kang
ana ing kono padha tepuk tangan. Mrindhing rasane.
“Ma, apik tenan, sesuk melu lomba
nembang ya, tak rekomendasikake saka Bapak, makili sekolahmu.” Celathune Pak
Gun karo nggablog pundhakku alon.
Telung dina bubar kuwi, aku melu
kompetisi, nanging aku ora wani ijin karo Bapak, kesempatan iki dakgunakake,
aku pengin mbuktekake karo Bapak menawa aku bisa. Kompetisi mlaku, nora dinuga
aku bisa oleh juara loro se-ekskarisidenan.
Wiwit dina kuwi, uripku dadi malih,
saben malem Minggu aku main kroncong ing Ngarsapura karo kanca-kancaku, ya
Joni, kang ngajak aku dadi sagrup kroncong. Kaya biasane nyekel kencrung. Saya
suwe saya akeh kang seneng marang grup kroncongku. Nora dinuga aransemen-ne
disenengi karo produser lan ditawari rekaman. Gegayuhan karo kanca-kanca
kroncong akhire bisa kasembadan.
Ora mikir suwe, bubar manggung,
langsung bali menyang omah, nadyan wis jam 2 esuk. Bapak durung sare, isih
tenguk-tenguk ning teras.
“Lho, kowe balik ta, Le?”
ngendikane Bapak kaget.
“Hehe, inggih Pak.” Wangsulanku
lempeng.
Aku langsung lungguh ing jejere
Bapak, tak delehake hp ku ing meja
banjur tak puterake olehku nembang ing Merapi wingi lan piala kompetisi wingi.
Bapak ora ngendika apa-apa, amung meneng. Ora let suwe bapak ngadheg, banjur
ngekep awakku karo mrebes mili.
“Matur nuwun ya, Le. Bapak njaluk
ngapura Le, mbiyen Bapak tau nggawe gela awakmu, amarga Bapak kepengin kowe
bisa tenanan. Awakmu hebat Le. Bapak bangga.” Ngendhikane Bapak isih
ngelus-elus rambutku.
“Matur nuwun Pak, Bapak sampun
ngajari kula kathah, matur nuwun Pak sampun diparingi kencrung niki.”
Wangsulanku karo mrebes mili.
“Tetep dadi pribadhi sing kuwat ya
Le, aja gampang nyerah marang kahanan, tetep sinau terus.” Pituture Bapak.
Wiwit saka dina kuwi Bapak dadi
beda karo aku, seneng banget rasane bisa mbuktekake karo Bapak yen aku bisa
nembang lan bisa dolanan kencrung.
“Woy! Ma! Malah ngalamun. Ayo
tata-tata ndang mudhun.” Kandhane Adhi nggetak saka mburi.
Wangsulanku amung cengingisan,
banjur lagi eling yen mau aku ngalamun. Matur nuwun Bapak, matur nuwun
kencrung, matur nuwun kanca, matur nuwun alam kang ngajari aku maneka warna
babagan urip. Saka kene aku bisa urip.
Kapacak
ing Kalawarti Jaya Baya Edisi 39 Minggu V Mei 2015
Post a Comment
Post a Comment